Pengembangan Bahan Ajar Digital Interaktif Berbasis Virtual Reality (VR Milealab) versi alihbahasa Jawa
Assalamu’alaikum wr. wb.
Ba’da salam, alhamdulillahirabbil
‘alamin, allaahumma sholli ‘ala Muhammad wa ‘ala ali Muhammad, kanca-kanca
sedaya, derek-derek kulo, gek dunyo pendidikan anyaran iki wonten kabar apik
sing mesti kita gatekake. Gek dino Jum’at, Sebtu, Ahad, 2-4 September 2022 Pendekar
VR ngadakaken pelatihan kerja (workshop) sing bertema Pengembangan Bahan Ajar Digital Interaktif Berbasis Virtual Reality (VR
Milealab) sing dikerjaaken bareng
ambek IGI Kota Batam. Pelatihan kerja iku diadaaken secara dalam jaringan
(daring) lewat aplikasi Zoom sing nggarai para peserta iso hadir masio tekan
omahe dewe-dewe.
Gek njerone pelatihan
kerja iku, kulo tumut mek sebagai peserta. Teko alure iku pertama, peserta
diutus ngelakoni daftar nggawe email kangge absen pertama kali. Kerono gek
njero email iku wis onok jeneng, tanggal lahir, lan jenis kelamin dadi cukup
nggae email. Maringunu peserta diutus download aplikasi gae komputer pribadi
sing jenenge Milealab.apk digawe kreatore. Banjur ngono, kene yo kudu download aplikasi
gek android digawe reviewere. Banjur kenen yo dikei panduan tutorial lengkap
gek You Tube.
Sampun kira-kira cekap sementen mawon. Mesti
tiap onok hasil temuan teknologi anyaran kene diutus download lan registrasi
sehingga kene dadi peserta sing teregister menurut sing duwe aplikasi kui. Dadine
kene gak sampek dicap sebagai penumpang gelap (illegal). Cukup sementen
informasi ndugi kulo. Sing tema tentang materi pelatihan kulo pisah di luar
serat niki. Sampun, kurang kelebihe mohon dingapuro. Wallahu a’lam.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Komentar
Posting Komentar